BABAD LOROG
Critane,
jaman biyen ning Bandung, adipatine nduweni putra loro. Ananging putra loro mau
pada ora akur. Rebutan pangkat. Mula,wektu Adipati Bandung seda, putrane loro
mau tukaran, rebutan kedhudhukan, sing akhire dimenangake putra enom.
Putra
sing tuwa, bareng kalah karo adine, mlayu nyang Pajang, mbeguru. Ning kono,
deweke dijenengke Kyai Bandung. Ning Pajang, Kyai Bandung ngedekake paguran,
sing akhire muride akeh. Rumangsa ora krasan Kyai Bandung mlayu nyang Ponorogo
dikancani abdine sing setya yaiku Raden Panji Angrangin. Tekan Ponorogo ngadep
Bupati Ponorogo. Tujuane ngadep Bupati Ponorogo yaiku arep njaluk lemah dienggo
pedhusunan. Akhire Kyai Bandung diwenei lemah ning pesisir kidul yaiku wiwit
Kaliwuluh nganti tekan Lorog, lan Panggul nganti Sumbreng.
Bareng
wis oleh lemah, Kyai Bandung lan Raden Panji Sanjayangrangin, nerusake laku
nyang daerah seng dimaksud Bupati Ponorogo. Bareng wis mlaku rodok suwi, Kyai
Bandung leren lan mutusake arep nggawe pasanggrahan dienggo palerenan sauntara.
Teka saiki daerah iku isih ana lan kejuluk daerah Sanggrahan.
Bareng
Sanggrahan wis reja, Kyai Bandung merintah Raden Panji Sanjayangrangin mbukak
alas maneh, ben tambah amba. Tenan, akhire Raden Panji Sanjayangrangin mbukak
alas ning cedake gunung Kunir. Sak iki daerah iku dijenengake daerah Nglaran.
Maksude, daerah kono iku dieler ben tambah amba.
Ora
let suwi, Kyai bandung lan Raden Panji Sanjayangrangin mlaku maneh, njelajah
alas, golek lemah sing eloh utawa subur. Ora let suwi, Kyai Bandung tekan
Lorog. Neng daerah iku, deweke rumangsa seneng, sebab daerahe subur, lan okeh
banyu. Wiwitane, daerah sing di babat yaiku daerah sisih kidul, cedak segara.
Tekan saiki, daerah iku isih subur, lan dijenengke daerah Bandung.
Rumangsa wes
reja, Kyai Bandung madep maneh nyang Adipati Ponorogo. Pradul nek deweke wis
reja neng daerah Lorog. Adipati bungah, lan ngangkat Kyai Bandung dadi Ngabehi.
Ananging, Kyai Bandung kudu asok pajeg nyang Ponorogo setahun peng pindo, yaiku
ben Mulud lan wulan Sawal.
Bareng
wes dadi Ngabehi, Kyai Bandung rabi karo anake Kyai Ageng Jantur. Kyai Ageng
Jantur iku kabare rabi karo widadari. Sak jerone omah-omah karo anake Kyai
Ageng Jantur, Kyai Bandung nduweni anak papat. Loro lanang lan sing loro wedok.
Bareng anake wis padha gedhe, Kyai Bandung nduwe mantu sing asmane Ki Wanapala.
Ki Wanapala yaiku putrane Kyai Ageng Klesem.
Salah
sawijineng dina, Kyai Bandung ngekon Ki Wanapala mantune mbukak alas dienggo
padusunan. Ananging, nganti sedino olehe babat mau ora amba-amba. Mula wektu ditakoni
nyang mertuane babagan hasile mbukak alas, Ki wanapala njawab “O.. daya wiyaro
bapa”. Entok jawaban kaya ngono mau, Kyai Bandung njawab “sak jane awakmu wis
oleh enggon nggo omah-omah. Daerah iku jenengno Wiyara.”. teka saiki daerah iku
jenenge isih Wiyoro.
Bareng
Kyai Bandung wis sepuh, kekuasaan ning Lorong dicekel mantune, Ki Wanapala.
Ananging, Ki Wanapala iku ora adil sak jerone mimpin rakyate, mula akeh rakyat
sing ora seneng. Salah sawijineng dina, Ki Wanapala sowan nyang Ponorogo, asok
pajek.
Tekan Ponorogo,
Ki Wanapala ditakoni Adipati Ponorogo, ngopo Ki Bandung ora sowan dhewe. Ki
Wanapala ngabari yen Ki Bandung wis Sepuh. Adipati Ponorogo uga nakoni kenek
apa kok dudu anake lanang sing makili. Entuk pitakonan mengkono mau, Ki
Wanapala ngapusi yen Ki Bandung ora nduweni putra lanang. Ananging, Adipati
Ponorogo ora percaya sebabe ning mburine Ki Wanapala enek bocah sing rupane
persis Ki Bandung. Tibake tenan, mburine Ki Wanapala iku enek putrane Ki
bandung sing asmana Raden Satria utawa Ki manten. Ngerti ngono, Ki Wanapala
isin, wirang. Akhire sing diangkat dadi Ngabehi yaiku Raden Satria.
Ki
wanapala bareng wis kisinan ora gelem muleh nyang Wiyoro, nanging uripe enek
ngalas. Salah sawijineng dina, Ki Wanapala enek nggunung lan nyumet geni. Uwong
sing weruh kukus iku banjur ngerti yen ning kono iku enek uwonge, mestine Ki
Wanapala. Bareng diendangi tibake tenan. Nanging Ki Wanapala ora gelem muleh.
Pilih urip ning gunung kuwi. Saiki dijenengke gunung Kemukus.
Akhire
Ki wanapala seda neng gunung Kemukus. Lha Lorog akhire dipimpin Ki Manten utawa
Raden Satria nganti reja.
nuwun pangartos sumberipun saking pundi sjarah puniko,, nopo saking kacaritan waris eyang bandung?
BalasHapus